Sunday, February 21, 2010

Cathetan saking Perth

Monggo…sinambi ngunjuk benteran....kerso teh, to? Menika legi tur sedhep lho.



Sakderengipun matur, kawula badhe nyuwun agenging pangarsami dhumateng panjenengan ingkang maos saha mirsani blog kawula punika, awit kawula badhe nyerat 'posting' mengagem basa Jawi, sanes boso Indonesia, boso Cinten, punapa malih boso Walandi. Ugi nyuwun pangapunten mbok bilih seratan kawula samangke kathah lepatipun, kirang trapsilanipun utawi mboten runtut tetembunganipun. Menawi panjenengan mboten saged ngendikan Jawi utawi sanes piyantun Jawi, kawula aturi sabar nengga Microsoft nemokaken Transtool ingkang saged mbiyantu panjenengan ngalih-basa saking Jawi dhateng Walandi utawi kosok wangsulipun.

Estunipun kawula meniko inggih radi lingsem. Kawula lare Jawi, wiwit alit dumugi ageng inggih namung manggen wonten ndusun, sasampunipun ageng kawula sekolahipun inggih namung wonten tlatah Sala ugi Ngayogya, ning kok dalem mboten lanyah matur migunakaken boso Jawi. Malah sak meniko dalem langkung lanyah matur migunakaken boso Indonesia utawi boso Walandi Inggris. Lha rak menika mboten trep, to?

Sedherek-sedherek ingkang kawula tresnani,

Dinten Jemuwah manis surya kaping sangalas wulan kalih wanci tabuh wolu enjang, kawula bidhal saking griya Collier Road nomer satus pitung dasa wolu, saperlu badhe sowan Bapak Konjen RI wonten Adelaide Teras. Kawula bidhal gasik amargi Ibu Puspa, panjenenganipun menika ketua AIPSSA Perth, sampun wanti wanti dumateng sedanten kemawon, bilih pepanggihan punika wigati sanget. Pramila, Ibu Puspa ngengetaken dhumateng kawula sedanten supados sami dugi Konjen sakderengipun tabuh sedasa.

Awit mboten gadhah montor, mila kawula mlampah kemawon dhateng ‘bus stand’. Meniko lho, panggenan kagem nyegat bis. Keleresan griya kawula celak kaliyan panggenan setopan bis. Ananging ketiwasan, rikala kawula dumugi setopan, bis ingkang dhateng kutho nembe mawon bidhal. Lhadalah…lha pripun menika. Menawi kawula nerasaken lampah dhateng terminal bis Morley, wah..mangke dumugi papan panggenan mesthi sampun gobyos adus kringet. Mboten sekeco, to? Lha wong kenya ayu tur manis kok, agemane pating jlekethut tur sajak sayah. Lha Perth menika nembe mangsa ketiga ngerak. Benteripun mboten jamak. Mila lajeng kawula lenggah kemawon, nenggo bis ingkang saklajengipun.

Sasampunipun nengga kirang langkung kalih dasa menit, bis nomer selikur ingkang bidhal kitha mandheg. Kawula gage gage minggah, lajeng ngadepaken kertu murid wonten papan ingkang dipun wastani scanner. Sasampunipin scanner puniko mungal “thiit”, kawula lajeng mlampah dhateng kursi bagiyan wingking. Kursi bagiyan ngajeng suwung, ananging punika biyasanipun kagem lenggahan para piyantun sepuh utawi ibu-ibu ingkang tindakan kaliyan lare alit.
Wonten Perth ugi kitha sanesipun wonting tlatah Australia, lampahipun bis saha sepur puniko di pun atur miturut jadwal ingkang cetha. Sinten kemawon saged maos jadwal bis, tujuwanipun dateng pundi, miyosipun pundi, wanci jam pinten bidhal ugi jam pinten dumugi papan panggenan. Umpami kesupen mendhet dluwang jadwal, kita ugi saged mirsani jadwal wonten internet saking dalem piyambak-piyambak.

Saklajengipun, pamarentah kitha Perth paring bantuan ingkang ageng dhumateng sinten kemawon ingkang remen migunakaken bis utawi sepur, langkung langkung dhateng lare lare ingkang taksih wonten pasinaon. Lare ingkang sinau wonten SD dumugi SMA namung cekap mbayar mirah sanget menawi saben dinten sami bidhal utawi wangsul sekolah. Kawula piyambak, namung mbayar sewwidak wolu sen utawi kirang langkung gangsal ewu pitungatus rupiah. Beaya puniko berlaku dumugi kalih jam. Samangke menawi kawula sampun cekap perlunipun wonten panggenan ingkang dipun tuju, lajeng badhe kondur migunakaken bis malih, kawula mboten perlu mbayar malih menawi taksih kalebet ing wekdal kalih jam sasampunipun kawula mbayar ingkang sepindah. Umpaminipun mekaten: jam wolu kawula minggah bis, mbayar 68 sen, lajeng jam wolu langkung tigang dasa kawula mandhap wonten peken. Bibar blanja, jam sanga tigang dasa kawula numpak bis malih – mboten kedah bis ingkang sami, lajeng kawula wangsul nggriya. Mangke mandhap bis jam 10, dalem mboten sah mbayar amargi taksih kalebet wekdal kalih jam.

Wonten nglebet bis, wiwit wulan meniko penumpang ugi saged migunakaken internet. Kawula piyambak ugi radi kaget, amargi meniko prangkat enggal. Punika kawula aturaken gambaripun. Ananging kawula piyambak dereng nate nyobi, sambungan internet punika cepet punapa rendhet.

Sedherek-sedherek ingkang kawula tresnani,

Gangsal menit sakderengipun tabuh sedasa, kawula dumugi wonten Konjen. Bapak Dede, Konjen RI, kathah kathah paring wejangan ugi ngendikan babagan kegiyatan ingkang badhe dipun leksanakaken dening kantor. Salah setunggalipun inggih menika adicara Hari Indonesia wonten Geraldton. Samangke badhe dipun wontenaken tontonan kados tari-tarian ugi gelar seni karawitan. Emanipun, wonten tlatah Perth mboten wonten piyantun Indonesia ingkang saged nyinden tembang Jawi…saingga sinden ingkang badhe ngayahi jejibahan puniko malah piyantun saking negari Amerika…!!!

Mekaten atur kawula saking Perth…

No comments:

Post a Comment